Assalamualaikum Wr. Wb.
Aku saiki pan nyritakna pengalamane aku pas liburan semesteran. Pas awal liburan aku cuma mantur nang umah ( mangan turu :v ) tapi akhire aku diganyami ibune terus dikongkon njaga warung, gara gara aku bosen njaga warung, akhire aku janjian karo kancane ( agryn, bapis, mizan, alip, rafly ) dolan. Aku karo kanca kanca rembugan pan maring endi, akhire pada setuju pan maring guci.
Dina sabtune bocah bocah pada kumpul jam setengah 8 nang umahe mizan, tapi ana bocah siji sing ngomong jare dalan sing pan maring guci lagi sesek gara gara lagi liburan. Akhire rembugan maning nganti jam set 9, akhire pada setuju maring Curug Langgeng sing kurang luwihe 37 km sekan umahe mizan. Bacah bocah mulai siap siap nggo jalan, sedurung jalan pada ngcap " bismillah " dilanjut jalan maring pom bensin nggo ngisi bensin endah ora mogok nang ndalan , bar ngisi bensin langsung jalan. pas anjog banjaran mizan njaluk mandeg nggo tuku gorengan