SMP 2 pas tanggal 18 - 20 Oktober ngadakna kemah nang YON ZIPUR Slawi. kabeh siswa-siswi SMP 2 melu kegiatan kemah, awit kelas 7 anjog kelas 9. Siswa-siswi diangkut nganggo truk ding bisa nggawa sekitar 4 regu + barang barang.
Siswa-siswi SMP 2 mangkat seka sekolah jam 7, sedurunge mangkat panitia ngadakna apel sing dadi pembina Bapak Zuhri sekalian doa bareng nggo keselametan pas kegiatan kemah.
Perjalanan maring Yon Zipur rame nemen ,ana sing turu,guyunan,ledek ledekan, pokoke ramelah
Sawise anjog Yon Zipur langsung pinru dikongkon njukut tenda nganggo regune terus langsung dipasang direwang daning DP, tapi khusus nggo kelas 9 tendane wis dadi, tenda kelas 9 kaya tenda nggo tentara. Sawise kabeh rampung masang tenda pada turu-turunan . Trus bar kue ana upacara pembuka .
Bar upacara kelas 9 dikongkon kumpul nang lapangan , tapi kelas 9 gerakane suwe nemen , dadine kelas sanga dihukum bolak balik maring tenda trus maring lapangan ping 5. Bar kue kelas 9 dinkongkon maring barak kanggo latihan yel-yel. Yel-yele rame nemen terus bisa nggawe semangat. Bar kue kabeh peserta pramuka adus lan istirahat. Pas adzan maghrib bocah-bocah pada langsung maring masjid nggo sholat berjamaah, bar sholat pada njagong nang masjid nggo tadarusan. Sawise tadarusan pada balik maring tenda nggo mangan.
Bengine bar mangan, kelas 9 dikumpulna ning mesjid karo Pak Harso kanggo renungan. Ning kana dewek diceramahi daning Pak Harso , ana sing nangis, ana sing mbaca sholawat. Sawise kegiatan kue dewek terus dikongkon maring tenda trus istirahat lan turu. Ngesuke dewek sholat subuh berjamaah ning masjid. Bar sholat subuh ana sing pada adus, aduse pada rayahan endah ora telat upacara. Sawise upacara bocah kelas 9 ana acara outbond, mlaku mlaku, nggupak nang kali :v, terus sing terakhir mudun tebing nganggo tali, sawise rampung bocah bocah kelas 9 pada balik maring tenda terus adus maning nggo uipacara penutupan. sawise penutupan kabeh bocah SMP 2 pada kumpul nggo manjing truk masing masing nggo balik maring sekolah.